Mbingungi, ya.
Becca lan Tyler, kakang adhi, didhawuhi ibune kang wis pegatan, Loretta, sowan menyang daleme simbah (wong tuwane ibune). Loretta uwis suwi banget ora sowan mrono amarga masalah kawit mbiyen. Ujug-ujug, dheweke kepengin anak-anake sowan mrono supaya kahanane ora pati semruweng maneh. Anak-anake sarujuk.
Tyler nggawe rekaman (video dokumenter) dheweke karo mbakyune ing kono. Pisanan teka, durung ana prastawa kang aneh-aneh. Masakane Nana (simbah putri enak), Pop-Pop (simbah kakung) uga seneng ngajak mlaku-mlaku. Sanajan mangkono, suwe-suwe, bocah loro kuwi mau menangi yen simbahe rada aneh tumindake.
Nana kerep muntah-muntah ing wayah bengi. Dene Pop-Pop kerep mara menyang gudhang. Nalika Tyler nginguk gudhang, dheweke kaget, jebule Pop-Pop nyimpen popok reged akeh banget. Tyler kang duwe OCD marang karesikan tangan muntah-muntah, kaget kok simbah kakunge bisa kaya ngono. Bocah loro kuwi mau uga ora etuk metu saka kamar sawise jam setengah sepuluh bengi.
Tyler laporan menyang Becca. Pisanane, Becca ora percaya. Nanging suwe-suwe dheweke uga ngrasa aneh. Nana kerep ndhawuhi Becca ngresiki oven gedhe kanthi mlebu bleng. Banjur Becca uga tau menangi yen Nana kerep ngguyu-ngguyu dhewe madhep tembok.
Ana maneh prastawa aneh. Tamu kang ilang dhewe, Pop-Pop kang nyengeni wong ing pinggir dalan, lan sapiturute. Becca lan Tyler banjur laporan ibune. Ibune pungkasane ngaku, mbiyen dheweke minggat amarga wong tuwane ora sarujuk yen Loretta rabi karo bapake bocah loro kuwi mau. Loretta blas ora tau sowan maneh. Banjur nalika Loretta weruh Nana karo Pop-Pop, dheweke bengok-bengok, kandha yen simbah loro kuwi mau dudu wong tuwane.
Lha banjur kepiye?
Film iki minangka film found-footage alias kaya-kaya direkam paragane dhewe. Miturute Pakdhe, film iki minangka film horor sing rada nyleneh. Medeni iya, lucu iya. Pakdhe nganti kepingkel-pingkel nalika nonton. Ning tetep nggawe kaget lan dheg-dhegan. Sanajan critane prasaja, film e tetep asik dinikmati. Nontona, ben ora padha penasaran! Film iki etuk rating 6.2 ing imdb.
Judul : The Visit
Negara asal : Amerika
Genre : horor, thriller
Tahun rilis : 11 Sepember 2015
Tidak ada komentar:
Posting Komentar