Ora bisa turu iku, basa modern-e "insomnia". Sing perlu digatekake yaiku, insomnia kuwi ora gur sewengi thok, nanging bola-bali. Bisa 7 wengi, bisa uga nganti sesasi. Malah yen wis parah, bisa punjul saka 3 sasi.
Ing bidang kesehatan jebule iki yo minangka penyakit. Sababe akeh. Nanging jan-jane gur amarga kurang olahraga karo stress.
Awak yen kurang olahraga mesthi rasane ora kesel. Padahal, turu kuwi minangka wujuding istirahat. Coba nek awake sampeyan ora kesel, apa gelem istirahat? Rak yo mesthi malah gur ndeleng layar HP banjur browsing-browsing berita jaman saiki.
Nah, yen stress kuwi jalaran kakehan pikiran sing ora-ora, kaya ta pengin nduwe bojo telu, mobil cacahe 7, dadi pejabat sing ora ketok mripat, lan liya-liyane. Stress kuwi minangka wujuding pikiran sacenil banjur dadi sagenthong jalaran ora gek ndang dilerem.
Nah, iki pakdhe nduwe panemu supaya sampeyan bisa turu angler.
Olahragane Diakehi.
Olahraga sasenenge sampeyan. Sing penting rutin ana jadwale. Paling ora seminggu ping telu. Sampeyan seneng renang, yo renang. Sampeyan seneng pit-pitan, yo monggo pit-pitan. Golek kanca supaya tambah semangat. Misale, kanca dinggo pit-pitan.
Rasah Dipikir Abot-abot.
Sadurunge turu, HP ne diselehke ndhisik. Banjur wudhu/ donga sadurunge turu. Ambegan dawa, pikirane diselehke. Kabeh caosna marang Gusti Allah. Muga-muga bisa turu sing angler lan awake dadi waras sesuke.
Kepiye? Yen manjur, pakdhe dikandhani ya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar