Senin, 02 Januari 2017

Cara ben Gampang Turu

Sampeyan-sampeyan mesthi padha mumet to yen ora bisa turu? Ora bisa turu kuwi ki sajane mula-bukaning penyakit. Esuke mesthi mumet lan pundhake dadi pegel-pegel. Suwe-suwe banjur dadi masuk angin. Dikeroki gegere dadi nggarit-nggarit abang. Bener ora?



Ora bisa turu iku, basa modern-e "insomnia". Sing perlu digatekake yaiku, insomnia kuwi ora gur sewengi thok, nanging bola-bali. Bisa 7 wengi, bisa uga nganti sesasi. Malah yen wis parah, bisa punjul saka 3 sasi.
Ing bidang kesehatan jebule iki yo minangka penyakit. Sababe akeh. Nanging jan-jane gur amarga kurang olahraga karo stress. 
Awak yen kurang olahraga mesthi rasane ora kesel. Padahal, turu kuwi minangka wujuding istirahat. Coba nek awake sampeyan ora kesel, apa gelem istirahat? Rak yo mesthi malah gur ndeleng layar HP banjur browsing-browsing berita jaman saiki.
Nah, yen stress kuwi jalaran kakehan pikiran sing ora-ora, kaya ta pengin nduwe bojo telu, mobil cacahe 7, dadi pejabat sing ora ketok mripat, lan liya-liyane. Stress kuwi minangka wujuding pikiran sacenil banjur dadi sagenthong jalaran ora gek ndang dilerem. 


Nah, iki pakdhe nduwe panemu supaya sampeyan bisa turu angler.

Olahragane Diakehi.
Olahraga sasenenge sampeyan. Sing penting rutin ana jadwale. Paling ora seminggu ping telu. Sampeyan seneng renang, yo renang. Sampeyan seneng pit-pitan, yo monggo pit-pitan. Golek kanca supaya tambah semangat. Misale, kanca dinggo pit-pitan. 





Rasah Dipikir Abot-abot.
Sadurunge turu, HP ne diselehke ndhisik. Banjur wudhu/ donga sadurunge turu. Ambegan dawa, pikirane diselehke. Kabeh caosna marang Gusti Allah. Muga-muga bisa turu sing angler lan awake dadi waras sesuke.




Kepiye? Yen manjur, pakdhe dikandhani ya.


Jasa Penulisan Artikel atau Konten Website

Pakdhe bisa ngewangi sampeyan-sampeyan yen nduwe gawe ing bab panulisan, utamane bab nulis artikel. Artikel sing bisa ditulis pakdhe yaiku artikel basa Indonesia, basa Jawa, lan basa Inggris. Utamane, bab panulisan konten ing sawijining web. Utawa panulisan teori ing karya tulis mawi basa Jawa.
Regane piro, piye carane mbayar, lan piye-piyene bisa dibahas. Monggo sanjang mawon ing kolom komentar utawa telpon/SMS ing nomer 081327426641. Bisa uga kirim pesen lumantar e-mail menyang pakdhewakijan@gmail.com.

Pakdhe menawarkan jasa penulisan artikel terutama artikel bahasa Jawa dan bahasa Indonesia. Bagi Anda yang mencari penulis konten website berkualitas pakdhe pilihan nomer satu 😀. Temanya misalnya: travelling, kuliner, lifestyle, dll.
Pakdhe juga bisa menerjemahkan artikel dari bahasa Indonesia ke bahasa Jawa. Mengenai biaya dll silakan tinggalkan komentar atau call/SMS di nomor 081327426641. Atau silakan kirim pesan via e-mail ke alamat pakdhewakijan@gmail.com.

We offer you article writing services. For more information please contact us at: phone +6281327426641 or e-mail pakdhewakijan@gmail.com.