Minggu, 16 April 2017

The Visit: Sowan menyang Daleme Simbah

Piye rasane yen sampeyan sowan menyang daleme simbah, banjur jebule simbahe sampeyan kuwi dudu simbahe sampeyan?



Mbingungi, ya.

Becca lan Tyler, kakang adhi, didhawuhi ibune kang wis pegatan, Loretta, sowan menyang daleme simbah (wong tuwane ibune). Loretta uwis suwi banget ora sowan mrono amarga masalah kawit mbiyen. Ujug-ujug, dheweke kepengin anak-anake sowan mrono supaya kahanane ora pati semruweng maneh. Anak-anake sarujuk.

Tyler nggawe rekaman (video dokumenter) dheweke karo mbakyune ing kono. Pisanan teka, durung ana prastawa  kang aneh-aneh. Masakane Nana (simbah putri enak), Pop-Pop (simbah kakung) uga seneng ngajak mlaku-mlaku. Sanajan mangkono, suwe-suwe, bocah loro kuwi mau menangi yen simbahe rada aneh tumindake.



Nana kerep muntah-muntah ing wayah bengi. Dene Pop-Pop kerep mara menyang gudhang. Nalika Tyler nginguk gudhang, dheweke kaget, jebule Pop-Pop nyimpen popok reged akeh banget. Tyler kang duwe OCD marang karesikan tangan muntah-muntah, kaget kok simbah kakunge bisa kaya ngono. Bocah loro kuwi mau uga ora etuk metu saka kamar sawise jam setengah sepuluh bengi.

Tyler laporan menyang Becca. Pisanane, Becca ora percaya. Nanging suwe-suwe dheweke uga ngrasa aneh. Nana kerep ndhawuhi Becca ngresiki oven gedhe kanthi mlebu bleng. Banjur Becca uga tau menangi yen Nana kerep ngguyu-ngguyu dhewe madhep tembok.

Ana maneh prastawa aneh. Tamu kang ilang dhewe, Pop-Pop kang nyengeni wong ing pinggir dalan, lan sapiturute. Becca lan Tyler banjur laporan ibune. Ibune pungkasane ngaku, mbiyen dheweke minggat amarga wong tuwane ora sarujuk yen Loretta rabi karo bapake bocah loro kuwi mau. Loretta blas ora tau sowan maneh. Banjur nalika Loretta weruh Nana karo Pop-Pop, dheweke bengok-bengok, kandha yen simbah loro kuwi mau dudu wong tuwane.




Lha banjur kepiye?

Film iki minangka film found-footage alias kaya-kaya direkam paragane dhewe. Miturute Pakdhe, film iki minangka film horor sing rada nyleneh. Medeni iya, lucu iya. Pakdhe nganti kepingkel-pingkel nalika nonton. Ning tetep nggawe kaget lan dheg-dhegan. Sanajan critane prasaja, film e tetep asik dinikmati. Nontona, ben ora padha penasaran! Film iki etuk rating 6.2 ing imdb.

Judul           : The Visit
Negara asal : Amerika
Genre          : horor, thriller
Tahun rilis   : 11 Sepember 2015



Minggu, 19 Februari 2017

Kontak

Kontak kami:

SMS/Telpon: 081327426641

e-mail: pakdhewakijan@gmail.com

Facebook: Pakdhe Wakijan (fanpage)

alamat kantor: Klaten, Jawa Tengah, Indonesia

Dolan Menyang Umbul Manten

Klaten kuwi akeh papan wisatane. Salah sijine yaiku ana ing Janti, Polanharjo, Klaten. Janti minangka papan wisata kang ngendelake banyune. Iya, nang Janti, sampeyan golek model kolam renang apa wae ana. Biyasane, kajaba kolam renang uga ana pemancingane. Murah, tur lengkap. Pantes yen akeh para kulawarga dolan menyang Janti ngajak bayek-bayek lan bocah cilik.

Para nom-noman uga seneng nang Janti. Sing lagi populer saiki yaiku dolan menyang umbul. Umbul yaiku sumber banyu utawa sumber mata air. Umbul kuwi minangka kolam alami sing isih asri, durung diowahi utawa ditambahi dening para manungsa. Anane ya saka awit biyen. Umbul nang Janti kuwi banyune bening-bening, mulane kerep dinggo selfie underwater. Bening amarga banyune mili terus. Umbul-umbul ing Janti yaiku: Umbul Ponggok, Umbul Asri, Umbul Manten, lsp. Pakdhe ameh nulis sithik bab Umbul Manten.



Umbul Manten pancen kondang dinggo selfie. Banyune resik, bening, lan seger. Iki uwis nate mlebu My Trip My Adenture lho! Mulane para nom-noman padha penasaran, kaya ngapa ta Umbul Manten iku? 
  
Pakdhe uga penasaran. Ben dicap kekinian, pakdhe dolan mrana, nalika preinan akhir taun 2016 wingi. Mlebu nggone, pakdhe kudu mbayar Rp5.000,00. Mlebu tekan njero, badala!


sing dolan uakiiiih tenan

Sok e amarga pas preinan sing dolan menyang umbul uakiiiih tenan. Paling akeh yaiku cah enom. Pada nglangi ambyur saka watu gedhe. Sisane, para ibu-ibu lan bapak-bapak padha ngawasi anake. Kabeh padha ambyur renang, kolame dadi kebak manungsa sing kemampul. 

Saelinge pakdhe, kuwi ana 2-3 kolam. Paling cilik cedhak pintu masuk. Kuwi isine bocah cilik padha nyosoki iwak. Yen kolam gedhe, isine wong-wong padha selfie. Bisa tuku bungkus kamerane, nanging pakdhe lali regane piranan. Kira-kira Rp5.000,00 - Rp10.000,00.


bangunan sisih tengen kuwi dinggo kamar ganti klambi

Kajaba bungkus kamera, akeh wong dodol pangan kaya ta pop mie, gorengan, lan omben kaya teh utawa kopi. Regane standar papan wisata, sak cup pop mie Rp7.000,00. Gorengane kaya gorengan biasane, ana tempe, tahu, tahu bakso, mendoan, lsp. Yen arep nyosok iwak kudu tuku sosok nang kono. Nanging pakdhe ora ngerti regane, lha ora tuku. 


kios sing dinggo dodolan

Yen wegah nyosok iwak, ana iwak sing uwis diplastiki. Regane Rp5.000,00 an per plastik gumantung jinis ikan lan jumlahe. Ana uga terapi ikan ing kolam gawean sisih umbul. Ning ati-ati, mlebune kudu liwat kandhang asu gedhe banget. Pakdhe ora sempet moto, nyuwun pangapunten nggih.

Miturute pakdhe, Umbul Manten cocok kanggo dolan cah enom sing golek petualangan karo doyan selfie. Nanging ora cocok yen dinggo dolan bocah cilik. Amarga isih alami, dolanan kanggo bocah gur siji yaiku: nyosok iwak. Ora ana plorotan utawa air mancure kaya Pemancingan 100 lan sateruse. Bocah cilik yen arep nglangi uga kudu diawasi amarga kolame jero--wedine yen klelep. Kamar ganti klambine uga sithik lan dinggo wong akeh dadi kudu tetep waspada. Pamrayogane, sampeyan dolan mrene pas sepi wae. Yen pas rame mengko kaya pakdhe, ameh poto-poto ora kepenak amarga akeh wong.

Sanajan mangkono, pakdhe tetep seneng dolan mrene amarga banyune resik lan hawane seger tur adhem. Bisa ngilangi stres kanthi rega murah. Kapan maneh bisa kungkum ing kolam alami seger sangisore wit ringin kang edum?  







Sabtu, 18 Februari 2017

Cara Pemesanan Artikel

Telpon/SMS di nomer 081327426641 atau kirim pesan via e-mail ke pakdhewakijan@gmail.com.

Cantumkan identitas yang jelas (no HP dan e-mail yang bisa dihubungi) dan detail pemesanan.

Jika pakdhe sudah setuju, silakan transfer ke rekening dulu (no rekening akan diberikan jika pakdhe sudah setuju). Pakdhe akan mengerjakan jika sudah ada konfirmasi transfer dari pemesan.

Artikel yang sudah selesai akan dikirim via e-mail dan akan dikonfirmasi.


Harga Artikel

Sampeyan-sampeyan mesthi bingung, pira ta regane jasa sing ditawarke pakdhe?
Regane, diitung per tembung. Kajaba iku, yen temane artikel e angel-angel utawa njaluk cepet dadine, regane beda. Yen dinggo mahasiswa regane uga beda :) 

Harga jasa penulisan artikel adalah dihitung per kata. Namun, jika tema artikel susah atau target waktu penyelesaian cepat harganya beda. Untuk mahasiswa harganya juga beda :)

Harga Artikel Bahasa Indonesia

200 kata Rp7.000,00
300 kata Rp8.000,00
400 kata Rp9.000,00
500 kata Rp10.000,00
dst, kelipatan Rp1.000,00

Harga Artikel Bahasa Inggris

200 kata Rp9.000,00
300 kata Rp10.000,00
400 kata Rp11.000,00
500 kata Rp12.000,00
dst, kelipatan Rp1.000,00

Harga Terjemahan Artikel Bahasa Jawa

200 kata Rp10.000,00
300 kata Rp11.000,00
400 kata Rp12.000,00
500 kata Rp13.000,00
dst, kelipatan Rp1.000,00