Seok-Woo (Gong Yoo), bapak-bapak sugih sing wis pegat karo bojone, ngeterake anake, Soo-an (Soo-an Kim) menyang Busan. Pas kuwi anake sedih amarga ulang tahun kok malah ora bisa ketemu simboke dhewe. Pungkasane, bapak-anak kuwi mau banjur nemoni sang simbok ing Busan numpak sepur. Lha, ing sepur kuwi mak jegagig ana mbak-mbak numpak ning awake getihen, godres-godres. Mbak-mbake ora let suwe dadi zombie. Petugas sing arep ngewangi malah kecokot, terus...
Kabeh penumpang banjur geger. Bubar koyo laron ing musim udan. Siji mbaka siji padha kecokot lan dadi zombie, gur kari sithik sing durung. Lha banjur piye? Kira-kira bocah cilik mau bisa ketemu simboke maneh ora ya?
Wegah, pakdhe wegah spoiler. Mengko ndak digebuki karo sing durung nonton.
Film iki dikei imdb biji 7.6. Pancen apik sih, lumayan. Sing seneng zombie kaya pakdhe mesthi padha puas jalaran zombie-ne uakiih tenan. Ora gur medeni thok, film iki yo akeh adegan emosionale. Kaya ta pas bojone si Sung Gyeong (Yu-mi Jung) mati, utawa mbakyu-adhi sing wis simbah-simbah padha kepisah banjur dadi zombie. Ana maneh wong jahat (Eui-sung Kim) sing kepengin nguwasani sepur supaya bisa slamet dhewe.
Lha nek miturutmu piye?
Judul : Train to Busan
Judul asli : Busanhaeng
Negara asal: Korea Selatan
Genre : action, drama, horror
Rilis : 20 Juli 2016